- Back to Home »
- Kebudayaan Jawa
Posted by : Unknown
Kamis, 31 Oktober 2013
Kebudayaan Jawa kuwi
kebudayaan sing dianut masyarakat Jawa, sing ngutamakna keseimbangan,
keselarasan, lan keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo
makhluk urip) kudu salaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog.
Kasalarasan[sunting]
Apa-apa
sing marake ora cocog kudu diadohi, angger ana sing bisa ngganggu
keseimbangan kuwi kudu cepet digenahna ben kabeh bali salras meneh, bali
cocog meneh.
Umume sing kadhang agawe bubrah kasalarasan yaiku polahe menungsa, mbuh polah menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo alam, sing umume tanggungjawab pimpinan masyarakat.
Sing
angel neng kebudayan Jawa yaiku angger kasalarasan iku diganggu polah
menungsa karo menungsa sing umum marakake konflik (crahe kasalaran).
Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga arep
ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.
Klas Sosial
Nang masyarakat Jawa umume ana golongan-golongan sosial, misal: golongan Priyayi karo rakyat biasa. Ana meneh golongan Santri karo golongan Abangan. Kuwi uga keton seka basa. Nang basa Jawa ana kelas utawa tingkatan-tingkatan sing bisa nggambarake status sosial penuture.
Tingkatan Sosial Basa Jawa
Loro sing terakhir mung dituturake ana ing lingkungan keluarga Kraton.